Saturday, April 9, 2016

TAMAN SARI



Bawa:
Gumelar ingkan
Sekar sekar
Ngambar arum
Ngebegi taman sari

Hamamreh prono satuhu
Karya lejaring ndriya
Peksi ngoceh
Kumbang hambreng ngeng ngeng
Nimbrung

Suwasana endah mulya
Lir tamane pra habsari

Langgam:
Nadyan lagi katemben aku ketemu, kangmas
Uwis pulih kembang kang ilang kepanggih
Nadyan akeh kembang kang arum gandane, kangmas
Ora ono tak anggep dadi mustika

Memanisku yo amung kowe wong kuning
Sen isene kembang jroning
Taman sari
Nora wangi marga
kalah mring wong kuning, kangmas
Prasaja a sira kangmas mundhut apa
NGIMPI
Cpt: Mujoko


Bawa:
Ngambara hing awang-awang
Hangelangut bebasan tanpa tepi
Nerabasing mega mendhung
Miber ngideri jagad
Ngulandara ngambara ngunggahi gunung
Katungkul ngumbar gagasan
Satemah ginawa ngimpi

Langggam:
Sripat sripit lembehane merak kesimpir
Gandhes luwes wiragane anglamlami
Sidhet singset besus sang adi busana
Dasar ayu maksih kenya tan kuciwa
Dak caketi aduh mesem sepet madu
Nora sranta ndak gandeng malah gumuyu
Katon bungah kenya kang pindha hapsari
Kuciwane kabeh mau amung ngimpi.
PETIS MANIS


Petis manis pupus tebu saumpama
-kepriye werdine

Aja ngucap ora teges tanpa guna
-kepriye karepe

petis manis sarpa lengking saumpama
-kepriye werdine

Aja ngucap yen ta amung samudana


                     -Damar mancung
                     Nyupet rasa kang samar
                     -Samar

                      Gagar wingkar pikolahe
                      -Mula

                      Tejo bengkok ngirup toya
                       -Trima luwung

                       Kanggo kanca jroning sepi
                       -Muna muni

Petis manis yen ngucap sing ati ati
-Tansah tak ugemi

Dadi kanti nyata bebrayan sejati.